Sabtu, 01 Desember 2007

MID SEMESTER 1 : Bahasa Jawa 7

TAHUN PELAJARAN 2007/2008

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : 7 (tujuh) / 1
Hari, tanggal : Rabu, 7 Nopember 2007
W a k t u : 09.15 – 10.45 WIB

A. Pitakon-pitakon iki wangsulana kanthi cekak aos !
1. Yen arep nyilih buku ing perpustakaan, kudu duwe ......
2. Tembung pitakon kepriye, kanggo nakokake ......
3. Tembung pitakon kenangapa, kanggo nakokake ......
4. Bangsa manca ya duwe unggah-ungguh, nanging ...... unggah ungguh bangsa kita.
5. Ukara iki rampungna nganggo aksara Jawa !
6. Bapak arep tindak menyang Banyumas. Ukara iki nganggo basa ......
7. Sowan kula mriki, ngaturi Bapak supados ...... wonten dalemipun Pak Bari.
8. Pegaweane dhukun sangkal putung yaiku ......
9. Prabu Dasamuka nandhang duhkita. Duhkita tegese ......
10. Kula badhe adus nanging ngentosi Bapak dereng rampung anggenipun ......
11. Bu Suci nampa buku, mustakane manthuk sathithik. Tembung mustaka tegese pada karo
12. Basa kramane rambut, yaiku ......
13. Basa kramane mripat, yaiku ......
14. Sing ngrebut Dewi Shinta garwane Prabu Rama yaiku ......
15. Raden Wibisana dipala nganti semaput banjur dilarak lan dibuang ing samudra. Samudra tegese ......
16. Ukara ing duwur gawea basa krama alus: Mengko ibu baline jam pira ?
17. Pak guru ...... kula supados ...... serat menika dhateng pak Lurah.
18. Kula tilem wonten ngajeng TV, Bapak ...... wonten kursi goyang.

B. Wangsulana kanthi gamblang !
Wacan A
Karim : “Nto, deneng ko ora metu ? Kancane mbok padha njajan. Ko apa ora pengin ?”
Janto : “Ora lah, inyong mau esuk wis sarapan, tur maning njajan bae olih-olihe sih apa? Mbok sing njajan karo sing ora padha bae ! Njajan ya penting ningen seperlune bae, angger ora ngelih banget ora prelu mbok ?
1. Yogene Karim karo Janto ora njajan ?

Wacan B
Nanging emane, bareng jamane owah, akeh wong kang kurang nggateake unggah-ungguh maneh. Amarga wis dianggep kuno lan wis ora cocog karo jaman. Akibate, bangsa kita akeh sing kelangan jati diri, saengga angel kanggo mbedakake karo bangsa liya.

2. Kenangapa akeh wong kang kurang nggatekake unggah-ungguh maneh ?
3. Kula ditimbali pak Guru, badhe dipun dhawuhi damel geguritan.
Ukara kasebut owahana nganggo basa ngoko alus !
4. Aku arep rembugan karo mbak Martini.
Ukara kasebut owahana nganggo basa krama !

Tidak ada komentar: